Sastra lumeber ing serat
Hiya sastra lumampah ing lumahing jagad
Niku sastra sinembar ing jabalakat
Ugi sastra sinebar lantaran malaikat
Kanggo jalma jin dedemit alam raya
Pambahu reksa bayu siti tirta sajroning bawana
Santosa rahayu Widodo lin ing sambi kala
Serat puja pujining dewa ratu jagad raya
Hayu memayu bawana
Sajroning kitab sotasoma
Hyang aran serat sastra jendra
Buwana ing bawana edi santosa lan rahayu mulya
Putra drastha hayu ningrat
Pamangku buwana sak kabehing jagad
Dewata alam dunya lan akherat
Sastra jendra kesatrianing dewa Ahmad
Sabda Anala Wara

No comments:
Post a Comment